LIVE STREAMING

WULANG REH Pupuh VIII WIRANGRONG


Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH VIII
WIRANGRONG
01
Den samya marsudeng budi, wuweka dipun was paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadya mung sekecap, yen tan pantes prenahira.
02
Kudu golek masa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den kaesthi, aja age kawedal, yen durung pantes lan rowang.
03
Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.
04
Lan welinge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana itungan prakara, supata ginawe dinan.


05
Den padha gemi ing lathi, aja ngakehke pepisoh, cacah cucah erengan ngabul-abul, lamun tan lukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.
06
Lawan padha den pakeling, teguhna lahir batos, aja ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi, karsa rewang sapasang, miwah maring pasanakan.
07
Gawe salah graitaning, ing liyan kang sami anom, nadyan lilaa lanangipunkang angrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.
08
Gawe salah graitaning, ing liyan tan sami anom, nadyan lilaa lananganipun, kang ngrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.
09
Tan wurung dipun cireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padhasuda, pangandele mring bendara.
10
Anu cacat agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakwan iku akeh pun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
11
Kaping sakawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung batine den etang, alumuh lamun kalonga.
12
Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.
13
Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen pan tumanggal, ulate teka sumringah.
14
Dene wong durjana ugi, nora ana den batos, rina wengi mung kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, lamun wateke durjana.
15
Dene bebotoh puniki, sabarang pakaryan lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen pawitan enting
tan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.
16
Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun edol, lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bopati, wewah tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.
17
Kepatuh pisan memaling, tiniteran saya awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggegulang ngabotohan.
18
Dene ta wong akng madati, sesade kemawon lumuh, amung ingkang dados senengipun, ngadep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leleyang bebuden.
19
Yen leren nyeret, netrane pan merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut biru toya, lambe biru untu petah.
20
Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestop boliro.
21
Yen mati nganggo ndalinding, suprandene npra kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni, wong mangan apyun ala, urpe dadi tontonan.
22
Iku kabeh nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak, kang wani nerak tan manggih arja.
23
Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum, sajeng tanpa masa iku, dadi lire ugi, angombe saben dina, pan iku watake ala.
24
Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli corah, pan wus lumprahing wanita.
25
Tan bisa simpen wewadi, saking rupake ing batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.
26
Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo weh manfaat, kaya Pucung lan kaluwak.

Komentar

Postingan Populer