Babaring Tanem Tuwuh ing Pahargyan Mantu
Simbah-simbah rumiyin menawi paring
pitutur dhumateng putra wayah kathah ingkang dipun singitaken. Dados mboten
walaka, umpaminipun, “Aja lungguh ana
bantal ya ngger marahi udunen ...”. kamangka nyatanipun sanadyanta
bantalipun dilungguhi ngantos jebol, ingkang nglenggahi mboten udunen.
Lajeng kados pundi ingkang dipun kersakaken simbah kala wau?
Kangge ngonceki punika
mboten gampil, amargi kedah tlaten saha tanggap ing semu kang sinamur ing
samudana, tanggap ing sasmita saha lantip ing panggraita.
Ingkang dipun
kersakaken simbah menawi dipun tegesaken kinten-kinten makaten, “ aja nglungguhi bantal ya ngger “,
bantal ngono panggonane sirah, yen dilungguhi saru. Sirah punika mapanipun
wonten nginggil, nalika bayi lahir ingkal medal rumiyin sirahipun. Dados sirah
punika saget dipun wastani pralampitaning tiyang sepuh. Pitutur ingkang walaka,
“Aja wani karo wong tuwa ya ngger!! Wong
tuwa ngono malati”.
Semanten ugi wonten ing papan
pahargyan mantu. Limrahipun ing kanan keringing wiwara, dipun tanemi tanem
tuwuh. Dene wujudipun wit-witan saha gegodhongan kang maneka warna lan
sanes-sanesipun, kadosta cengkir gadhing, tebu ireng, wit andong, godhong
alang-alang, godhong apa-apa, godhong kluwih, godhong kebak, pisang raja, janur
kuning lan sanes-sanesipun.
Tegese tanem tuwuh. Tanem punika
tegesipun nandur. Tuwuh tegesipun thukul. Dados ibaratipun tanduran nembe dipun
tanem supados enggal thukul. Saklajengipun sageta enggal uwoh lan saget
murakapi dhumateng keluarga umeberipun dhumateng tangga tepalih. Dene ingkang
dipun ibarataken tanduran punika inggih penganten kekalih, ingkang nembe miwiti
mbangun keluarga enggal. Ing tembe sageta mbangun keluarga ingkang guyub rukun,
tata titi tentrem, gemah ripah kerta raharja migunani dhumateng nusa bangsa lan
agami.
Dene ubarampe upacara tanem tuwuh
punika sejatosipun ngemu pitutur luhur tumraping penganten kekalih. Dados saget
dipun wastani sastra tanpa tulis.
- Cengkir Gadhing tegesipun kencenging pikir tumraping penganten kekalih anggenipun miwiti mbangun bebrayan enggal sampun jumbuh cipta, rasa lan karsane.
- Tebu Ireng nggambaraken antebing kalbu. Penganten kakung saha putri sampun tresna lahir trusing batin, linambaran jatining katresnan. Ireng punika tegesipun peteng. Dados manawi kahananipun peteng, manungsa mboten saget ningali punapa-punapa. Dados penganten kakung mboten saget ningali wanita sanes kajawi namung garwanipun, semanten ugi ingkang putri inggih makaten.
- Dene Godhong Andong utawi wit andong punika mujudaken salah satunggaling taneman ingkang ronipun tansah jejeg. Sanadyan ronipun garing parandene mboten purun gogrog. Punika pitutur tumraping para titah, bilih tiyang gesang punika wonten ingkang maringi gesang. Inggih punika Gusti Ingkang Maha Kawasa. Pramila sedaya para titah wajib ngabekti kanthi jejeg dhumateng Gusti Kang Akarya Jagat, miturut agami kang rinasuk. Kados jejeging godhong andong sarta andonga-a kanthi lahir trusing batin dhumateng Gusti Kang Maha Agung.
- Godhong Alang-Alang lan godhong apa-apa, werdinipun supados penganten kakalih anggenipun mbangun bebrayan enggal aja nganti ana alangan sawiji apa.
- Godhong Kluwih tegesipun supados penganten kakalih hanggadhahi kaluwihan ing samudayanipun.
- Godhong Kebak werdinipun supados penganten kakalih tansah kebak rejekinipun.
- Godhong Ringin tegesipun bilih ringin punika salah satunggaling wit-witan ingkang ngremboyong, kang hanjalari ngandhapipun dados eyub. Punika pitutur luhur tumraping penganten kakalih, mugi-mugi penganten kakalih sageta dados pangayomaning para sanak kadang, tangga tepalih saha mitra pitepangan.
- Gedhang Raja hanggadhahi werdi mugi-mugoi penganten kakalih sinung perbawa kadya jejering nalendra ingkang hanggadhahi watak hambeg para marta ber budi bawa leksana.
- Janur Kuning tegesipun sejatining Nur, utawi cahya ingkang warni kuning kang sinebut Nur Muhammad. Ugi kasebut Dzating Gusti Kang Maha Suci kang dumunung wonten angganing manungsa. Janur kuning punika kawangun malengkung wonten ing wiwaraning pahargyan. Punika hanggambaraken kolonging jagat ingkang ugi katingal malengkung. Ugi ngemu pitutur dhumateng penganten kakalih, saksampunipun mlebet dhumateng alaming bebrayan, kedah tansah enget saha bekti dhumateng ingkang kagungan Dzat inggih punika Gusti Kang Maha Kawasa. Mugi mbenjang manawi sampun dumugining pesthi, Nur Muhammad utawi Dzating Gusti Kang Maha Suci sageta wangsul mulih mulanira manjing ing alam kalanggengan kempal kaliyan Gusti Kang Maha Suci.
Miturut
wawasan kula bilih ing madyaning masyarakat, ingkang nindakaken pahargyan mantu,
kaperang dados tigang perangan :
- Perangan masyarakat ingkang sampun pana werdinipun, pramila anggenipun nindakaken tata cara tanem tuwuh kanthi komplit.
- Perangan masyarakat ingkang namung anut grubyuk, amargi dereng pirsa werdinipun. Pramila anggenipun nindakaken tata cara tanem tuwuh namung sauger ana, karana namung dipun anggep pepasren (hiasan).
- Perangan masyarakat ingkang babar pisan mboten ngangge tata cara tanem tuwuh, malah kepara nganggep tanem tuwuh punika musrik.
Pramila
namung kasumanggakaken !
Pepuntoning
atur bilih andharan punika minangka tandha bekti, bilih simbah-simbah rumiyin
sak kalangkung jembar wawasanipun, saha inggil ngelmunipun. Satemah dipun
wastani sampun jinempa ing maruta cinandhi ing wiyati. Sanadyanta sampun
makaten parandene tebih saking watak adigang adigung adiguna. Pramila
anggenipun paring pitutur kathah ingkang sinamur ing samudana. Punapa panjenengan
dalasan kula saget kados simbah-simbah? Sumonggo nyobi ......... !!! NUWUN.
Ngaturaken gunging panuwun Ki... Wedharan puniko sanget migunani kangge kulo. Rahayuuuu...
BalasHapus