LIVE STREAMING

Narendra Sudibya Karaton Surakarta Hadiningrat




Sinuwun Paku Buwono II
            Sinuwun Paku Buwono Senapati Ing Ngalaga Abudurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping II Ing Negari Surakarta Hadiningrat, putra dalem Sinuwun Prabu Amangkurat Jawa ing Negari Kartasura.
Wiyosan dalem ing dinten Selasa Pahing, 23 Sawal 1634 atau 8 desenber 1711 ing Kartasura. Nalika dewasa jumeneng Pangeran Adipati Anom. Jumeneng nata ing dinten Kamis Legi 16 Besar 1650 atau 15 Agustus 1726, taksih wonten Kartasura.


Sinuwun Paku Buwono III
            Sinuwun Kangjeng Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa Senapati Ing Ngalaga Abudurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping III Ing Negari Surakarta Hadiningrat, putra dalem Sinuwun Paku Buwono II. Miyos saking permaisuri beliau GKR Mas, putrinya Panembahan Purbaya, Bupati Lamongan. Panembahan Purbaya punika putra dalem Sinuwun Paku Buwono I. Nama BRM Gusti Suryadi. Wiyosan dalem ing dinten Sabtu Wage 26 Ruwah 1656, atau 24 Pebruari 1732. Jumeneng nata ing dinten Senin Wage 5 Sura 1675 atau 15 Desember 1749. Surud dalem ing dinten Jum'at Wage 25 Besar 1714 atau 26 September 1788. Yuswa dalem 58 warsa 4 wulan. Sumare ing Astana Luhur Imogiri.

Sinuwun Paku Buwono IV
Sinuwun Kangjeng Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa Senapati Ing Ngalaga Abudurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping III Ing Negari Surakarta Hadiningrat, sinebut Sunan Bagus putra dalem Sinuwun Paku Buwono III ingkang nomer 17 miyos saking permaisuri Ratu Kencana. Nama BRM Gusti Subadya. Wiyosan dalem dinten Kamis Wage 18 Rabiul Akhir 1694 atau 2 September 1768. Jumeneng nata Senin Pahing 28 Besar 1714 atau 29 September 1788. Surud dalem Senin Pahing 25 Besar 1747 atau 2 Oktober 1820. Permaisuri beliau wonten kalih, GKR Kencana Raden Ajeng Handaya, putrinya Adipati Cakradiningrat ing Pamekasan Madura.

Sinuwun Paku Buwono V
Sinuwun Ingkang Kaping V putra dalem Sinuwun Paku Buwono IV, miyos saking permaisuri GKR Kencana putri Adipati Cakradiningrat ing Pamekasan Madura. Nama Bendara Raden Mas Gusti Sugandi. Yuswa setunggal setengah warsa katilar seda ibu, lajeng kaitik-itik rama dalem piyambak. Wiyosan dalem ing dinten Selasa 5 Rabi’ul Akhir 1711 atau 15 Pebruari 1785. Kajumenengaken Pangeran Adipati Anom ing dinten Senin Legi 24 Besar 1718. Jumeneng nata ing dinten Selasa 3 Muharam 1748 atau 10 Oktober 1820. Surud dalem ing dinten Jum’at 29 Besar 1750 atau 5 September 1823.

Sinuwun Paku Buwono VI
Kangjeng Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa Senapati Ing Ngalaga Abudurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping VI ing Negari Surakarta Hadiningrat, sinebut Sunan Bangun Tapa, putra dalem Sinuwun Paku Buwono V nomer 11, miyos saking garwa ampeyan Raden Ayu Sasrakusuma. Nama GRM Sapardan. Wiyosan dalem ing dinten Ahad Wage 18 Sapar 1734 atau 26 April 1807. Jumeneng dalem nata ing dinten Senin 10 Sura 1751 atau 15 September 1824. Yuswa 23 warsa lajeng jengkar dhumateng Ambon ing dinten Selasa Pon 16 Besar 1747 atau 8 Juni 1830. Surud dalem ing dinten Ahad Pon 12 Rejeb 1777 atau 2 Juni 1849 wonten Ambon.

Sinuwun Paku Buwono VII
Sinuwun Paku Buwono Kaping VII ing Negari Surakarta Hadiningrat, putra dalem Sinuwun Paku Buwono IV, miyos saking permaisuri Raden Ajeng Sukaptinah, putrinya Adipati Cakradiningrat ing Pamekasan Madura. Nama BRM Gusti Malikus Shalikin, sinebut Sunan Purbaya. Wiyosan dalem Kamis Wage 16 Muharam 1723 atau 23 Juli 1796. Nalika jumeneng Pangeran asma KGPAA Purbaya. Jumeneng nata ing dinten Senin Wage 22 Besar 1753 atau 14 Juni 1830. Surud dalem Senin Legi 27 Siam 1786 atau 28 Juli 1858, yuswa 63 warsa.

Sinuwun Paku Buwono VIII
Sinuwun Paku Buwono Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping VIII Ing Negari Surakarta Hadiningrat, sinebut Sunan Bei, putra dalem Sinuwun Paku Buwono IV, nomer 4 pambajeng kakung. Miyos saking garwa ampeyan Raden Ayu Rantansari, sutanipun Raden Ngabehi Jayakartika, abdi dalem mantri Kadipaten Anom. Nama GRM Kusen. Wiyosan dalem ing Dinten Senin 20 April 1789. Kajumenengaken  Pangeran ing dinten Kamis 15 Besar 1731 atau 1805. Asma KGPH Hangabehi.

Sinuwun Paku Buwono IX
Sinuwun Paku Buwono Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping IX Ing Negari Surakarta Hadiningrat, putra dalem Sinuwun Paku Buwono VI, miyos saking permaisuri beliau GKR Ageng, putrinya Adipati Mangkubumi I ing Surakarta. Putra dalem nomer 5, asma BRM Gusti Duksina. Wiyosan dalem ing dinten Rabu 7 Saban 1758 atau 22 Desember 1830. Kawisuda dados KGPH Prabuwijaya, yuswa 17 warsa ing tahun 21 Juni 1847. Jumeneng nata ing 30 Desember 1861. Surud dalem ing dinten Jum’at Legi 28 Ruwah 1822 atau 16 Maret 1893. Yuswa dalem 64 warsa 1 wulan 21 dinten.

Sinuwun Paku Buwono X
Sampeyan Dalem Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjeng Sinuwun Paku Buwono Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping X Ing Negari Surakarta Hadiningrat, punika putra dalem Sinuwun Paku Buwono IX. Miyos saking Permaisuri beliau GK Ratu Paku Buwono, Raden Ajeng Kustiyah, putrinya KPH Hadiwijaya II ing Surakarta. Wiyosan dalem 29 November 1866. Jumeneng Pangeran Adipati Anom ing 27 Jumadil Akhir tahun 1869. Krama sapisan kaliyan Bendara Raden Ajeng Sumarti tanggal 7 Agustus 1886. Jumeneng dalem nata ing 30 Maret 1839.



                                          Sinuwun Paku Buwono XI
Sinuwun Paku Buwono Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping XI Ing Negari Surakarta Hadiningrat, punika putra dalem Sinuwun Paku Buwono X. Miyos saking garwa ampeyan Raden Ayu Mandayaretna, sutanipun Raden Mas Panji Sumataruna, wayahipun KGPA Mangkubumi I ing Surakarta. Nama GRM Antasena. Wiyosan dalem ing dinten Senin 25 Rabi’ul Akhir 1815, atau 1 Pebruari 1886. Dewasa jumeneng Pangeran asma GPH Hangabehi. Jumeneng nata ing dinten Rabu Legi 7 Maulud 1878 atau 26 April 1939. Surud dalem ing dinten Sabtu 21 Jumadil Akhir 1876 atau 2 Juni 1945.

Sinuwun Paku Buwono XII
Sinuwun Paku Buwono Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Kaping XII Ing Negari Surakarta Hadiningrat,

Komentar

Postingan Populer