LIVE STREAMING

WULANG REH Pupuh VI DUDUK WULUH

Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV


PUPUH VI
DUDUK WULUH
01
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti, dipun purut sapakon.
02
Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil, pramila wajib den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring parentahe Sang Katong.
03
Aprasasat batali karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, sapirsa suwiteng Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
04
Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur baya aja ngabdi, angur ngidunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
05
Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan nora nana kang ngiri, mungkul tutug karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta seba lurahe nganggo.


06
Nanging iya abote wong ngidung iku, keneng patrol pinggir margi,lamun nora patrol nglurung,
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.
07
Lan yen ana tetontonan aneng lurung,kemul bebede sasisih,saha mbanda tanganipun, glindhang-glindhung tanpa keris,andhodhok pinggiring bango.
08
Parandene jroning tyas kaya tumenggung, mengku bawat Senen Kemis, mankono ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning Sang Katong.
09
Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun, nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi katong.
10
Samubarang ing karsaning Sang Prabu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, lamun wong kang padha ngabdi, panggaweyane pan seyos.
11
Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri lawan miji, panglaweyan miwah pajang, tuwin kang para prajurit, kang nambut.
12
Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino kang amarengi, wiyosanira sang Prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
13
Yen kang lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran den incih, lamun nora yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip, yen wus mangerti ingkang wong.
14
Tan mangkono etunge kang wus sumurup, yen iku nora pinikir, ganjaran pan wus rumuhun mung amamrih sihing Gusti, winales ing lair batos.
15
Setya tuhu barang saprentah manut, ywa nglegani karseng Gusti, wong ngawula paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma lumampah sapakon.
16
Dening beja cilaka utawa luhur, asor luhur wus pasti, ana ing bebadanira, aja sok anguring uring, Gusti nira inggih Sang Katong.
17
Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti tuwin Hyang Widdhi, dening ta sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring badan tan kena megoh.
18
Tulisane lokhil makful kang runuhun, pepancene kang wus pasti, tan kena owah sarambut, tulise badanireki ywa ana mundur sapakon.

Komentar

Postingan Populer